Sabtu, 31 Juli 2021

Selasa, 14 Juli 2020

KURANGI KEMELEKATAN HATI PADA DUNIA FANA

Yang membuat seorang pelaku spiritual (yaitu Para Pejuang menuju kehadirat Illahi), Sulit dan terancam gagal, bahkan Mustahil.
Adalah "Kemelekatan" bukan dosanya, atau salahnya, atau masalahnya, atau ketidak mampuannya atau kebodohannya, bukan, melainkan Kemelekatan yang ada di dalam hatinya.
Karena dosa, salah, masalah, tidak mampu, bodoh itu tidak ada.
Dosa, salah, masalah, tidak mampu, bodoh itu menjadi ada, ketika kepala kita tidak menyatu dengan hati kita.
Semua yang nampak oleh mata di dunia ini, termasuk anak, istri, orang tua, keluarga, pacar, harta benda, motor, mobil, rumah dll adalah isi kepala dan urusan kepala, bukan isi hati, bukan urusan hati.
Kalau isi hati, seharusnya hanya berisi dan dipenuhi dengan Dzat Maha Suci Hidup, bukan yang lain.
Jadi, ketika kepala tidak menyatu dengan hati, itulah dosa, salah, masalah, tidak mampu, bodoh, pada saat itulah asumsi dosa, salah, masalah, tidak mampu, bodoh terjadi.
Lalu...
Apa itu Kemelekatan...?!
Kemelekatan adalah sesuatu yang kita sukai, kita cintai, kita kasihi, kita sayangi, menempati hati kita.


Selasa, 01 Januari 2019

Memelihara Cipta Rasa

NGUDI TUWUH CIPTA RASA
Manungsa kedah nganggep wontennipun cipta, rasa, tuwin jiwa. Menggah sulangnging panganggep kapratélakaken kados ing ngandhap punika.
1. CIPTA

Cipta = sir.                                                                    |
Duwé cipta = gadhah sir.                                            |
Séjé cipta = sanés sir.                                                  |
Kaselan cipta = kaselan sir.                                       |              Pamuja.
Landhepping cipta = landhepping sir.                     |
Dadi saciptanné = dados sasirripun.                       |
Kang cinipta teka = ingkang dipun sir dhateng.    |
Upami barang dandossan cipta punika embannipun rasa, rasa embanning jiwa, nanging sajatossipun raga, cipta, rasa, punika kalimputtan dénning jiwa, inggih punika gesang. Wondéné cipta wau pakartinning manah ingkang alus sanget tumadangngipun saking nglebet ngantos boten kawistara. Santerring cipta saged mujuddaken pamuja. Jaman rumiyin kathah para manungsa ingkang sami dados pamujannipun kadosta: muja laku, muja toya, muja teken dados sawer, tuwin muja tiyang éstri. Tegessipun: kabudi saking kabatossan kanthi pamanthengnging cipta, inggih punika tansah kaesir ngantos cumithakking panon temah kawawa narik ingkang kapuja dhateng piyambak, cipta saged nampénni sawarninning kawruh ingkang tinanggappan dénning poncadriya, sarta saged nerangngaken kawruh ingkang pagepokkan pangambet pangenyam pamirêng, tuwin paningal linta-lintunning poncadriya kawasésa dénning cipta. Sanadyan dumunung ing tebih ingkang boten  lumebet dhateng palawangnganning poncadriya, kadosta: ingkang dumunung sajawinning wewengkon ugi kénging kapetha saking raossing cipta ingkang umesat, déné tétéssipun samongsa pepethan wau sampun dumados kembar kaliyan  angganning manungsa ingkang wonten salebetting wewengkon jer wontennipun wewengkon jawi lebet saki kémawon, makaten santosanning cipta ingkang minongka pralambang. Wekassan babarring cipta dados wiwaranning pariwara ingkang cocog kaliyan kahanannipun sarta tétés kaliyan nyatannipun.
[34]2. RASA
Rasa punika sarinning cipta, saya langkung dénning alus, lumarappipun sumebar sarta landhep saget bilih kapusthi kawawa anggubah raossipun tiyang sajagad temaha roroncén sami gagancangngan raos ing ngriki saged dumugi sapinten tebihipun pukassanning raos ing ngrika. Upaminnipun: ing ngriki bentér ing ngrika  ugi saged kadadossan bentér, bilih ing ngriki asrep ing ngrika inggih asrep punapa déné bilih ing ngriki gandrung, ing ngrika ugi kayungyun dados kényut ing ngriki saged  andadossaken kumenyutting ngrika. Pancerringraos kawawa nyarambahi sakathahing panadhang. Kadosta: tumrapping sato tuwin manungsa, sanadyan nandhang punapa  kémawon tamtu raossipun ingkang kajibah nyanggi, amargi kapandukkan rasa ingkang kapusthi wau. Déné pupulling raos kawawa ngukud jagad lirripun: tumindakking samubarang jalarran wonten raossipun ingkang sumarambah. Sakathahing tutuwuhan bilih tanpa raos saéstu boten saged semi. Makaten babarring raos ingkang sumebar.
3. JIWA
Jiwa, tegessipun: nyawa, sukma utawi gesang. Punika tukking wiji ingkang mahananni murninning mani. Inggih punika wiji gesangnging cipta rasa, kawawa mujuddaken kasangkeppan upakartinning gesang. Upaminnipun wiji bonggol pisang, diwasannipun dados ron papah, tuntut sarta woh, tuwin liyan-liyannipun, makaten kadadossannipun wiji jiwa.
Wonten sawenéhing pamanggih, jiwa punika kawontennannipun langgeng. Tegessipun: boten risak, tumrapping Pangéran kaupamékaken kados déné latu kaliyan urubbipun latu minongka Pangéran urubbipun minongka jiwa. Wiwit sumorot jiwa tansah majeng tumandang ngudi kasampurnannipun ngantos pinten-pinten yuta taun dumugi sasirêppipun saweg sampurna.
Satengngahing pamanggih, anyondhongngi dhateng pamanggih ing nginggil punika, bilih kawontenannipun jiwa punika langgeng.tegessipun: boten éwah gingsir. Nanging boten  tumandang ngudi kasampurnannipun, awit pancén sampun sampurna. Tumrapping Pangéran kaliyan jiwa tansah gesang dados satunggal, [36] manawi manungsa kaliyan Pangéran kaupamékaken kawula Gusti sampun mémper, seksinnipun para Nabi. Déné manawi Pangéran kaupamékaken latu murub jiwa kaupamékaken sorottipun punika kados déréng anyéplessi. Sabab saben sorot punika  ébah, urubbipun inggih ébah. Saben jiwa punika tumandang, Pangérannipun  inggih tumandang. Samubarang ingkang tumadang punika ébah, sok ébaha inggih éwah, sok éwaha inggih badhé nemahi risak, dados boten saged  neteppi kados tegessipun langgeng tanpa éwah gingsir.
Sajatossipun ingkang tumadang punika kawulannipun inggih punika: raga, cipta, tuwin rasa, jalarran kaprabawan saking kuwasanning sukma. Déné Pangéran  langgeng boten barang-barang. Mila ingkang kajibah ngraossaken mulya tuwin sangsara inggih namung dumunung wonten ing kawula. Makaten gotékkipun  para ingkang sami marsudi kawruh jati, wusana kedah sumarambah sadhérék kathah, ngéngetti babasan: sapandhita samapanemu.
Wonten malih satengah kaol jiwa punika kawujud dipun wastanni: sipat, mongka wujud punika Dat tegessipun: [37] ana. Ana punika sayektossipun: kanggé nembungngaken barang ingkang ana, manawi ana kaéwokaken sipat ora ana inggih sipat , kados punapa wujuddipun si ora ana, wujuddipun ora ana. Punika boten limrah, limrahipun ara ana punika  boten wujud, mila nalusur suraossing kawruh punika boten gampil kedah buntas dhateng ulahing basa, awit  ing ngriku palawangnganning katerangngan ingkang ambolongngaken ing panampi, tétélannipun jiwa punika namanning barang ingkang gesang, kuwasa mahananni samubarang, wiwit babar dumugi bibar.
TETEPPIPUN PANUNGGAL
Panunggal punika barang kalih dados satunggal déné wujuddipun barang kakalih wau, 1. Sukma; 2. Raga. Punika nunggil padunungan dados sawiji. Mongka raga kaliyan sukma wau tebih sanget darajattipun  sarta béda sanget kahanannipun, sukma barang alus raga barang wadhag, sukma suci, raga rêget, sukma mulya, raga sangsara. Sukma kuwasa, raga apes, sukma gesang, raga pejah, nanging nalika raga kadayan déning sukma  sawarni gesang [38] piyambak sarta mémper wawagunnipun mila winastan: kawula gusti. Sukma gustinnipun raga kawulannipun nanging sami tetep tineteppan jumenengngipun sukma dados gusti, kateteppaken dénning raga, makaten ugi raga, dadossipun kawula kaaken dénning sukma. Babasannipun : sijinning ngaloro, loronning ngatunggal.
Saréhning sakalih kalihipun sami kaulah dénning budi, dados budi tansah mobat-mabit amargi ngladossi  barang kalih ingkang  tebih sanget darajattipun mongka kaangkah panunggallipun supados saréng majengngipun sarta sami empannipun makaten pakartinning budi anggennipun nedya nunggillaken kawula gusti. Awit budi ingkang winenangngaken masésa tumindakking manungsa gesang dumugi pejahipun.
Prakawis nunggillaken jiwa raga, punika pipindhannipun kados déné tiyang damel suwasa, babadhénnipun kancana kaliyan dembaga, dados kedah kalebur rumiyin, menggah pangleburripun sarana nucénni rêrêgedding angga, inggih punika nyirnakaken mamalanning sarira, déné wawatonnipun  santosanning karsa, siyang dalu anggung manungku cipta, ingkang kaésthi boten liyan namung [39] mawang kahananning sukma. Ngantos kasupén dhateng tatacaranning ngagesang, banterring pangésthi temah sirna rasa rumasannipun sampun boten wonten kawula gusti, kantun madeg sajatinning manungsa namung sawiji jiwa, pamorring dembaga  kaliyan kancana mancorong dados suwasa mulya, ingkang makaten punika saéstu punjulling ngapapak kénging winastan : janma mustakanning jagad pipindhannipun kados Sang Rama Wijaya, kasebut  dados bapa babunning bawana.
Ing jaman purwa kathah kémawon para manungsa ingkang kombul darajattipun saking pamanthengnging cipta, temah katarimah sami dados jawata ing suranadi, inggih punika manungsa ingkang linangkung budinnipun, pamorring raga lan sukma dados maya-maya boten katingan kuwadhaggannipun, lah makaten ingkang tetep nama nunggal kahanan, ya gusti ya kawula, ya kawula ya gusti.
Sasampunnipun makaten kahanannipun manungsa lajeng kuwasa manukma sakajengngipun sabab saking nembadanni hardanning karsa, temah dados wangsul ulah panggesangngan, lirripun: taksih rêmen gesang klanthi seneng wonten  ing donya, nedya mangun éca tuwin sakéca sasaminnipun, punika kedah énget sanadyan sa[40]mpun jumeneng manungsa ingkang linangkung. Lirripun: sampun boten kacuwan punapa sakarsannipun sami kasembadan, nanging saréhning taksih purun wangsul ngraossaken kados limrahing manungsa, inggih punika kapéngin unggul kapéngin luhur, kapéngin mukti wibawa, sasaminnipun, kados sadaya ingkang dipun lampahi badhé wonten wawangennipun bibar. Awit sakthahing kahanan tampu wonten titimbangngannipun, unggul  kaliyan kalindhih, luhur kaliyan asor, mukti wibawa kaliyan kacingkrangngan makaten sapituruttipun.
Dhuh ingkang ingkang makaten kados pundi, déné tiyang anggayuh panunggal teka taksih nglampahi sengsara malih.
Mugi kauninganna, panunggal ingkang kasampurnakaken punika lajeng rampung. Sampun boten nadhang kasangsaran kantun lulus dumunung wonten ing kamulyan, sarêng ingkang sampun kasembadan  panunggallipun mongka taksih nedya mekarraken kamurkan wonten  ing donya, sampun tamtu nandhang kados limrahipun tiyang walaka. Déné bédannipun bilih tiyang linangkung jinurung sakajengngipun, bilih tiyang limrah samongsa gadhah kajeng tansah mubeng, teteppipun kados lampahing nyakra manggilingngan.
[41]Menggah kasampurnanning panunggal punika samongsa sampun sami mantuk dhateng asallipun piyambak-piyambak ingkang kawasitakaken: raga, wangsul dhateng siti, jalarran pralaya, cipta, wangsul dhateng tirta prawita suci, jalarran menep manjing dhateng kaweningngannipun, rasa, wangsul dhateng kokosottanning akasa, jalarran ngirup pencarring rasa sami pupul dhumateng tukkipun, jiwa, wangsul dhateng wiji sawiji murninning mani, jalarran sampun maligi boten kamomorran, sadaya wau wangsul dhateng santosanning daya, déné ingkang kagungngan daya: Pangéran Ingkang Maha Kuwasa.
Ingkang makaten punika, pakartinning budi boten liya kaulah saking luhurring pambekkan ing nalika gesang wonten ing donya. Santosanning tékad mejahi sakalir-kalir, lah samanten rungsitting panggayuh tumrap kasampurnanning ngagesang.
PANGRUWAT RUWETTING LALAMPAHAN
Manawi manungsa sampun sami gadhah panggep dhateng sulangnging piwulang ingkang sampun kawedar, sarta purun anglenggahi darajattipun piyambak-piyambak lirripun: drajat ngriki boten nyangkut drajat ngrika, drajat nginggil boten nyangkut drajat ngandhap dados boten songkat-sangkuttan ing darajat kados-kados wudar bubundhellannipun inggih punika pangruwat ruwetting lampahan anuwuhaken bagya raharja dumugi ing wusana.

Sabtu, 07 Januari 2017

Syahadat Jawa

SYAHADAT ORANG JAWA

Ketika Islam merasuk ke tanah Jawa secara massif pasca-kehancuran Majapahit, ada suatu proses penyesuaian ajaran untuk bisa diterima masyarakat Jawa yang sudah memiliki agama sendiri: ajaran Jawa Kuno dan Siwa Sogata. Dua ajaran tersebut meyakini bahwa segala sesuatu berada di dalam diri manusia, termasuk Allah dan Rasul Muhammad. Bagi orang Jawa, Allah adalah Sang Aku, Urip (Hidup), sesuatu yang susah dijelaskan di dalam diri manusia, yang “tan kena kinaya ngapa” (laysa kamitslihi syai’a). Aku dan Urip sejatinya sama, sehingga ajaran Kejawen membuat pernyataannya yang terkenal terkait itu: Aku Iki Urip (Aku Ini Hidup). Oleh orang Jawa, Rasul Muhammad dipahami sebagai Atma/Ruh. Atma/Ruh inilah rasul/utusan yang sebenarnya dari Allah/Aku/Urip. Atma/Ruh inilah yang membuat makhluk bisa tampak memiliki kehidupan dan beraktivitas. Oleh karenanya Atma/Ruh disebut Kang Nggawe Urip (yang membuat makhluk bisa beraktivitas). Bagi orang Jawa, Allah dan Rasul Muhammad tak bisa dipisahkan dan sejatinya berada di dalam diri manusia sendiri.

Bagi orang Jawa, Allah tidak dipahami sebagai sosok personal di atas sana yang harus diimani dan terpisah dari diri. Demikian pula Rasul Muhammad; secara hakiki ia tidak dipahami sebagai sosok personal yang pernah hidup di tanah Arabia pada suatu masa. Syahadat sejati orang Jawa adalah menyadari keberadaan Aku/Urip dan Atma/Ruh di dalam diri mereka sendiri. Bagaimana bisa orang Jawa bersyahadat pada Kanjeng Nabi Muhammad sementara mereka sama sekali tidak pernah bertemu dengan beliau? Palsulah kiranya sebuah kesaksian tanpa tahu yang disaksikan.

Itulah salah satu penyesuaian ajaran Islam ketika merasuk ke tanah Jawa.

Rabu, 10 Desember 2014

Syeh Among Raga

Ini adalah bagian dari Serat Centhini yang membahas tentang tahap-tahap perjalanan seseorang saat mengalami ekstase. Yaitu sebuah kondisi spiritual saat seseorang mengalami “penyatuan” dengan Dzat-NYA atau manunggaling kawulo kelawan Gusti. Serat Centhini, kita tahu, adalah babon serat-serat Jawa yang terdiri dari 12 jilid dan bila dikumpulkan mencapai 6000 halaman lebih. Semoga pembaca mendapatkan secuil manfaat dari terjemahan ini. Rahayu. (Mas Kumitir).

Syekh Amongraga memberikan wejangan kepada istrinya yang bernama bernama Niken Tambangraras selama 40 hari/malam, baik yang berkenaan dengan makna hidup dan bagaimana cara manusia mendapatkan makrifat kepada Tuhan Dzat Yang Maha Besar, maupun yang berkenaan dengan kehidupan keluarga. Berikut bait-bait yang kamu dikutip dari Serat Centhini yang menggambarkan tentang kemanunggalan antara Tuhan dan manusia :

1. Yen nuli / winisik basa sempurna / sareng miarsa Ki Bayi / senggruk-senggruk anangis / tangis cumeplong ing kalbu / manah padang nerawang / ngraos tuwuk tanpa bukti / pangaraose wus ana sangisor aras.

“Kemudia ia membisikkan kata-kata sempurna, ketika itu didengar oleh Ki Bayi dia mulai menangis tersedu-sedu, tetapi ia sekaligus ia merasakan suatu kepuasan batin yang besar. Batinnya menjadi terang-benderang, ia merasa kenyang tanpa menyantap sesuatu, ia merasa seolah-olah terangkat ke hadapan tahta Tuhan.”

2. Ambalik sami sekala / kramane mring Amongragi / mehmeh kaya ngabekti / saking tan nyipa kakalih / mung mangsud guru yekti / Ki Bayi aris turipun / rayi dalem kalihnya / sumangga ing kersa sami / ingkang mugi wontenan sih wulang tuan.

“Pada saat yang sama sikapnya terhadap Amongraga berubah sama sekali, ia hampir berbakti kepadanya, karena sekarang ia hanya memikirkan satu-satunya ini, aku mendapatkan seorang guru sejati, kemudian dengan suara lembut Ki Bayi berkata, semoga anda berkenan, agar juga kedua adik anda menerima rahmat ajaran anda.”

3. Inggih kang basa punika / Mongraga umatur aris / gih putranta sekalihan / sampun kaula wejangi / ing ratri kala wingi / kalihewus sami suhud / matur alkamdu lilah / kaula dados wuragil / sakelangkung panrima kula satitah.

“Yakni kata-kata yang tadi anda sampaikan, Amongraga mejawab, kedua putra Bapak sudah saya berikan ajaran itu tadi malam, keduanya sudah maklum akan kebenaran. Syukur kepada Tuhan, kalau demikian akulah yang bungsu, kata Ki Bayi, saya puas sekalai dengan urutan ini.”

4. Amongraga pan wus wikan / ing dalem papanceneki / Ki Bayi lan putranira / Jayengwesti / beda ganjaraneki / Ki Bayi ganjaranipura / sih kamulyan ing donya / kang putra ganjaraneki / pan cacalon ganjaran mulyeng akerat.

“Amongraga tahu, apa yang ditujukan kepada Ki Bayi dan apa yang dituakan kepada kedua putranya, Jayengwesti dan Jayengraga. Ganjaran disediakan kemuliaan dunia ini, bagi kedua anaknya kemuliaan di akhirat.”

5. Kewawa ngelmi makripat / de Ki Bayi panurteki / kahidayat ngelmu sarak / Sarengat utameng urip / Mongraga matur aris / paduka ingkang akasud / tepakur maring Allah / lan tangat kala ning wengi / lawan ngagengena salat perlu kala.

“Kedua anak itu mampu menerima ngelmu makrifat, sedangkan kepada Ki Bayi Panurta diberi tuntunan ngelmu sarak (agama menurut hukum), sehingga ia hidup dengan utama. Kemudian Amongraga berkata dengan lirih, tekunlah dalam menjalankan dan lakukanlah olah bakti malam hari, junjunglah sholat yang diwajibkan pada saat-saat tertentu.”

6. Ywa pegat adarus mulang / ing kitan Kur’an amerdi / ing janma pekir kasihan / Ki Bayi nor raga ajrih / ing wulang Amongragi.

“Daraskanlah (membaca) ayat-ayat Al-Qur’an, rajinlah dalam mengajarkan Kitab Suci. Berilah sedekah kepada orang-orang miskin. Ki Bayi merendahkan diri ketika ia menerima ajaran Amongraga.”

7. Mongraga denya kasud / sunad wabin nem rekangatipun / tigang salam sawus ing bakda anuli / tangat kiparat tawajuh / kalih salam bakda manggon.

“Guna mencapai keadaan ekstasis Amongraga melakukan sholat sunat wabin dengan enam rekaat dan tiga salam (pujian), sesudah itu olah kifarat tawajuh (pemulihan dan terarah kepada Tuhan) dengan dua salam, sesudah itu duduk tidak bergerak.”

8. Amapanaken junun / pasang wirid isbandiahipun / satariah jalalah barjah amupid / pratingkahe timpuh wiung / tyas napas kenceng tan dompo.

“Sambil mempersiapkan diri untuk manunggal dengan Tuhan, ia melakukan wirid menurut (tarekat) Isbandiah, Satariah, Jalalah, dan Barjah, terserap olehnya, ia duduk bersimpuh (kakinya terlekuk ke belakang), hati sanubari dan pernapasan dalam keselarasan.”

9. Nulya cul dikiripun / lapal la wujuda ilalahu / kang pinusti dat wajibulwujudi / winih napi isbatipun / pinatut tyas wusa anggatok.

“Kemudian ia mengawali dikirnya dengan kata-kata, la wujuda ilalahu (tak ada sesuatu selain Allah), Dat yang niscaya ada, itulah yang menjadi pusat perhatiaannya, dasar penyangkalan dan pengakuan dan dengan itulah hatinya diselaraskan.

10. Angguyer kepala nut / ubed ing napi lan isbatipun / derah ing lam kang akir wit puserneki / tinarik ngeri minduwur / lapal ilaha angengo.

“Kepalanya mulai bergerak memutar, silih berganti menyangkal dan mengakui, pada lingkaran lam terakhir kepalanya bergerak dari pusat ke kiri ke atas. Pada ucapan ilalah kepalanya bergerak.”

11. Nganan pundak kang luhut / angleresi lapal ila mengguh / penjajahe kang driya mring napi gaib / ilalah isbat gaibu / ing susu kiwa kang ngisor.

“Ke kanan ke atas ke arah bahunya, pada saat ia berkata ila inderanya memasuki penyangkalan tersembunyi, ilalah ialah pengakuan gaib di sebelah kiri dadanya.”

12. Nakirahe wus brukut / lapal la ilaha ilalahu / winot seket kalimah senapas nenggih / senapas malih motipun / ilalah tri atus manggon.

“Demikianlah nakirah menjadi paripurna, kata-kata la ilalahu dirasakannya 50 kali dalam suatu pernapasan, kemudian 300 kali ilalah pada pernapasan berikut. Istirahat sebentar.”

13. Anulya lapal hu hu / senapas ladang winotan sewu / pemancade tyas lepas lantaran dikir / kewala mung wrananipun / muni wus tan ana raos.

“Lalu hu, hu, 1000 kali dalam satu pernapasan panjang, demikianlah hatinya naik lepas bebas tanpa rintangan, dengan perantara dikir yang fungsinya hanya sebagai sarana. Suara-suara yang dikeluarkannya tak ada arti lagi.”

14. Wus wenang sedayeku / nadyan a a e e i i u u / sepadane sadengah-dengan kang uni / unine puniku suwung / sami lawan orong-orong.

“Segalanya diperbolehkan, entah itu aa, ee, ii atau uu atau lain sebagainya, terserah apa saja. Kemudian suara-suara itu tiba-tiba lenyap seperti suara seekor orong-orong (yang tiba-tiba diam seketika).”

15. Ing sanalika ngriku / coplok ing satu lan rimbagipun / dewe-dewe badan budine tan tunggil / nis mikrad suhul panakul / badan lir gelodog.

“Pada saat yang sama bata-bata dan bentuk terlepas, artinya badan dan budi masing-masing berdiri sendiri-sendiri, ia lenyap dan mi’raj, terlebur dalam Dat Ilahi, badannya tertinggal bagaikan sebatang glodog.”

16. Tinilar lagya kalbu / yekti ning napi puniku suwung / komplang nyenyed jaman ing mutelak haib / wus tan ana darat laut / padang peteng wus kawios.

“Yang ditinggalkan oleh lebah-lebah, kosong. Kalbunya merupakan ketiadaan sejati, kosong sepi. Tiada ada lagi daratan maupun laut, terang dan gelap tiada lagi.”

17. Pan amung ingkang mojud / wahya jatmika jro ning gaibu / pan ing kono suhule dinera mupid / tan pae-pinae jumbuh / nora siji nora roro.

“Yang ada hanya indah itulah yang meliputi yang batiniah dan lahiriah di alam gaib. Di sanalah usaha Amongraga untuk mencapai kemanunggalan sampai pada titik penghabisan. Tak ada lagi perbedaan, hanya kesamaan yang sempurna, mereka bukan satu bukan dua lagi.”

18. Wus tarki tanajul / mudun sing wahya jatmika ngriku / aningali tan lawan netranireki / Dat ing Hyang Kang Maha Luhur / patang prekara ing kono.

“Sesudah tarakki menyusullah tanazzul, ia turun dari alam lahir dan atin (wahya jatmika), ia memandang lagi tetapi bukan dengan matanya, Dat Yang Maha Luhur, di sana terdapat empat hal.”

19. Sipat jalal gaibu / jamal kamal kahar gaibipun / wusna mijil saking gaib denyaa mupid / wiwit beda jinisipun / Gusti lan kawula reko.

“Sifat jalal yang gaib, keindahan, kesempurnaan dan kekuasaan (jamal, kamal dan kahar) yang gaib. Sesudah keluar dari keadaan gaib mulailah perbedaan dua jenis, yaitu Gusti dan kawula.”

20. Dat ing gusti puniku / jalal kamal jamal kahar nengguh / sipat ing kawula pan akadiati / wahdat wakidiatipun / alam arwah adsam mengko.

“Adapun hahekat Gusti itu ialah jalal, kamal, jamal adapun sifat-sifat kawula itu ialah ahadiyya, wahda, wahadiyya, alam arwah, alam ajsam.”

21. Misal insan kamilu / beda ning gusti lan kauleku / yekti beda ingriku lawan ingriki / kejaba kang wus linuhung / pramateng kawroh kang wus wroh.

“Alam misal dan insan kamil. Perbedaan antara Gusti dan kawula ialah perbedaan antara dua jenis sifat-sifat itu, kecuali bagi manusia yang istimewa (linuhung) yang sudah mengetahui ilmu sejati.”

22. Sawusira aluhut / lir antiga tumiba ing watu / pan kumeprah tyasira lagyat tan sipi / tumitah ing jamanipun / aral ing kula katonton.

“Sesudah ektasinya lewat, ia menyerupai sebutir telur yang jatuh di atas sebuah batu, demikian rasa terkejut di dalam hatinya ketika kembali dalam keadaan makhluk dan melihat kembali keterbatasannya selaku seorang hamba (kawula).”

23. Luaran denya suhul / angaringaken senapas landung / mot saklimah La ilaha ilalahi / mulya andodonga sukur.

“Sesudah kemanunggalannya dengan Tuhan larut, ia bernafas panjang sambil mengucapkan satu kali syahadat, la ilaha ilalah, kemudian memanjatkan doa syukur.”

24. Yen wus munggah budimulya / Sang Hyang Mahamulya lan mulya ning budi / abeda nora neda / pan wus jumbuh sembah lawan puji / puji amuji ing dawakira / iya dewe nora dewe / tanpa dewe pupus.

“Bila budi sudah naik ke tempat yang mulia, maka dalam keadaan mulia itu Yang Mahamulia dan budi berbeda dan tidak berbeda. Sembah dan pujian menjadi serupa. Pujian merupakan pujian terhadap dirinya. Manusia sendiri yang mengalami itu, tetapi juga bukan diri sendiri. Tiada lagi dirinya, hanya itulah yang dapat dikatakan.”

25. Bakda dikir anuli / adonga sukur Hyang Agung / sawusira dodonga / asujud sumungkem siti / takrub asru tepekurira nelangsa.

“Sesudah dikir ia memanjatkan doa syukur kepada Yang Agung, sesudah itu ia bersujud, merebahkan diri ke tanah, dan mendekati Tuhan dengan merasakan kerendahannya.”

26. Rumasa kinarya titah / beda ning kawula gusti / lir lebu kelawan mega / bantala lawan wiati.

“Ia menyadari bahwa dia hanya buah ciptaan dan bahwa antara kawula dan Gusti ada perbedaan, seperti antara debu (di tanah) dan awan, atau seperti antara bumi dan ruang angkasa.”

Dari beberapa bait (pada dalam bhs Jawa) yang ada dalam Serat Centhini ini, dapat memberikan suatu gambaran bahwa Tuhan dan manusia tidak sama, karena manusia adalah ciptaan Tuhan. Namun manusia bisa mencontoh sifat-sifat Tuhan dan mengingatnya dengan memperbanyak dikir sehingga dapat mengalami kondisi ekstasis, yakni kemanunggalan dengan Dzat Mutlak Tuhan.

Jumat, 26 April 2013

Ingat Kematian Raga, Ingat Keabadian Ruh

Ada sebuah perbincangan yang menarik antara seorang ustadz muda dengan jamaah pengajiannya. Sang Ustadz bertanya kepada jamaahnya “Ibu-Ibu mau masuk surga?” Serempak ibu-ibu menjawab “mauuuu….” Sang ustadz kembali bertanya “Ibu-ibu ingin mati hari ini tidak?”. Tak ada satupun yang menjawab. Rupanya tidak ada satupun yang kepengen mati. Dengan tersenyum ustadz tersebut berkata “Lha gimana mau masuk surga kalo gak mati-mati”.

Ustadz muda itu meneruskan pertanyaannya “Ibu-ibu mau saya doakan panjangumur?” Dengan semangat ibu-ibu menjawab “mauuu….” Pak Ustadz kembali bertanya “Berapa lama ibu-ibu mau hidup? Seratus tahun? Dua ratus atau bahkan seribu tahun? Orang yang berumur 80 tahun saja sudah kelihatan tergopoh-gopoh apalagi yang berumur ratusan tahun”.

Rupanya pertanyaan tadi tidak selesai sampai disitu. Sang ustadz masih terus bertanya “Ibu-ibu cinta dengan Allah tidak” Jawabannya bisa ditebak. Ibu-ibu serempak menjawab iya. Sang ustadz tersebut kemudian berkata “Biasanya kalo orang jatuh cinta, dia selalu rindu untuk berjumpa dengan kekasihnya, Apakah ibu-ibu sudah rindu ingin bertemu Allah?” Hening.Tidak ada yang menjawab.

Kebanyakan dari kita ngeri membicarakan kematian. Membayangkan-nya saja kita tidak berani. Penyebabnya adalah karena kita tidak siap menghadapi peristiwa setelah kematian. Padahal, siap tidak siap kita pasti akan menjalaninya. Siap tidak siap kematian pasti akan datang menjemput. Daripada selalu berdalih tidak siap lebih baik mulai dari sekarang kita mempersiapkan diri untuk menghadapi kematian.

Yakinkan pada diri kita bahwa kematian adalah pintu menuju Allah. Kematian adalah jalan menuju tempat yang indah, surga. Dengan selalu mengingat mati kita akan selalu berusaha agar setiap tindakan yang kita lakukan merupakan langkah-langkah menuju surga yang penuh kenikmatan.

Hakekat kehidupan manusia adalah sebuah perjalanan kembali menuju Allah. Dalam perjalanan yang singkat ini ada yang kembali dengan selamat, namun ada yang terjerumus di neraka. Kita terlalu disibukkan oleh dunia hingga merasa bahwa dunia inilah kehidupan yang sebenarnya. Kita seakan lupa bahwa hidup ini hanya sekedar mampir untuk mencari bekal pulang. Kemilaunya keindahan dunia membuat kita terlena untuk menapaki jalan pulang.

Rasulullah SAW pernah berkata orang yang paling cerdas adalah orang yang selalu mengingat mati. Dengan kata lain orang yang paling cerdas adalah orang yang mempunyai visi jauh ke depan. Dengan selalu mengingat visi atau tujuan hidupnya ia akan selalu bergairah melangkah ke depan. Visi seorang muslim tidak hanya dibatasi oleh kehidupan di dunia ini saja namun lebih dari itu, visinya jauh melintasi batas kehidupan di dunia. Visi seorang muslim adalah kembali dan berjumpa dengan Allah. Baginya saat-saat kematian adalah saat-saat yang indah karena sebentar lagi akan berjumpa dengan sang kekasih yang selama ini dirindukan.

Terkadang kita takut mati karena kematian akan memisahkan kita dengan orang-orang yang kita cintai. Orang tua, saudara, suami/istri, anak. Ini menandakan kita lebih mencintai mereka ketimbang Allah. Jika kita benar-benar cinta kepada Allah maka kematian ibarat sebuah undangan mesra dari Allah.

Namun begitu kita tidak boleh meminta untuk mati. Mati sia-sia dan tanpa alasan yang jelas justru akan menjauhkan kita dari Allah. Mati bunuh diri adalah wujud keputusasaan atas kasih sayang Allah. Ingin segera mati karena kesulitan dunia menandakan kita ingin lari dari kenyataan hidup. Mati yang baik adalah mati dalam usaha menjadi rahmat bagi seluruh alam semesta. Mati dalam usaha mewujudkan cita-cita terbesar yakni perdamaian dan kesejahteraan umat manusia.

Duhai Pemilik dunia...

Ajarkan kami untuk menundukkan dunia, bukan kami yang tunduk kepada dunia. Bila kilauan dunia menyilaukan pandangan kami, bila taburan permata dunia mendebarkan hati kami, ingatkan kami ya Allah. Ingatkan bahwa keridhoan-Mu dan kasih sayang-Mu lebih besar dari pada sekedar dunia yang pasti akan kami tinggalkan.

Jadikan hati ini menjadi hati yang tidak pernah mengharap selain hanya kepada-Mu. Tidak gentar dan takut selain kepada-Mu. Tidak merindukan penolong dan pembela selain pertolongan-Mu. Jadikan hati ini menjadi hati yang selalu sejuk mengingat-Mu. Hati yang cinta kepada-Mu. Hati yang rindu ingin segera berjumpa dengan-Mu.

Senin, 03 Desember 2012

Suluk Baka (Baqo) / Kekal

SULUK BAKA


Kinanthi

01. Kinanthi ingkang winuwus, wontên baka luwih adi, lir wali
angundang dhalang, sapari polahing ringgit, sayêkti saking
dhêdhalang, lan sapangucaping ringgit.

Diceritakan dalam tembang Kinanthi, yang dikemas dalam Suluk
Baka yang begitu indah, Seperti wali mengundang dalang, Segala
tingkah laku dalam wayang, nyata berasal dari dalang, Dan
segala ucapannya wayang.

02. Saking dhêdhalang puniku, solah pangucapirèki, Ki Dhalang
pan wujud Baka, upama dhalang lan ringgit, lir kawula lan Kang
Murba, sayêkti silihsinilih.

Adalah dari dalangnya itu, Segala tingkah dan ucapan kamu ini,
adalah dari ki dalang yang memiliki sifat kekal, Perumpamaan
dalang dengan wayang, adalah seperti kawula dengan Yang
Kuasa, yang nyata saling terkait keduanya.

03. Tan ana kêkalihipun, lamun tan silihsinilih, wayange lawan
Kang Murba, mangkana kawula Gusti, tan nyata ing kalihira,
lamun tan silihsinilih.

Tidak ada keduanya, jika tidak saling terkait, yakni antara
wayangnya dengan Yang Kuasa, Begitu juga dengan kawula dan
Gusti, Tidak nyata antara keduanya, jika tidak saling terkait.

04. Ya Allah kalawan rasul, kadi dhalang lawan ringgit, Allah
kang mangka dhêdhalang, rasul kang upama ringgit, ringgit
kalawan ki dhalang, tansah asilihsinilih.

Ya Allah dan rasul, bagai dalang dengan wayang, Allah sebagai
dalang, Rasul sebagai wayang, Wayang dengan ki dalang, selalu
saling terkait.

05.     Poma sira aja korup, mring pamisahing kêkalih, dhalang
dhalang wayangwayang, kawulakawula pasthi, gustigusti lah
panggihna, [nanging] kawruhana sami.

Kamu jangan menyembunyikan, terhadap perbedaan keduanya,
Dalang sebagai dalang ; wayang sebagai wayang, kawula tetap


sebagai kawula, Gusti gusti temukanlah, Namun, ketahuilah
kembali.

06. Ing pasthining kawulèku, yèn padudon tampaning sih, ing
padune iku iya, tan ana Mukhamad tunggil, iya Gusti ya kawula,
iya ulun iya dasih.

Apa yang menjadi ketetapan kawula itu, Jika berbantahan dalam
menerima sesuatu, ketika dalam perdebatan. Sesuatu itu ialah,
tidak ada Muhammad tunggal; karena dia itu gabungan dari Gusti
dan kawula, juga hamba dan abdi.

07. Pasthi nora kêna iku, ana dene tampaning sih, ya dening tan
kêna pisah, lawan kawruhana malih, pasthi sakèhing kawula,
minallahi mangallahi.

Hal itu tidak boleh terjadi, adanya penerimaan seperti ini; yakni
keduanya tidak boleh berpisah, Juga ketahuilah lagi, pasti bahwa
semua manusia itu, berasal dari Allah dan akan kembali kepada-
Nya.

08. Lan malihe lillulahu, têgêse kawula iki, anane saking
pangeran,       sarta       pangeranirèki,        lan      kawula       iku      iya,
wêwayanganing Hyang Widdhi.

Dan berubahnya manusia itu juga kehendak-Nya, Arti dari kawula
ini adalah, berasal dari Pangeran, yang juga merupakan Pangeran
kamu ini, Dan kawula itu juga, adalah gambaran dari Hyang
Widdhi.

09. Wayangan lawan suksmèku, iku panggihêna nuli, poma sira
dipunawas, lir ngangsu pikulan warih, lan ngambil gêni dêdamar,
kodhok angêmul lèngnèki.

(yang terdiri atas) badan dengan suksma itu, Hal itu temukanlah
kemudian, Karena kamu sebenarnya senantiasa diawasi, Seperti
mengambil air memakai pikulan air, dan mengambil api dengan
bekal api, Kodok menutupi liang tempat tinggalnya.

10. Lan warangka manjing dhuwung, parahu amot jaladri, kuda
ngêrap ing pandêngan, kalawan gêgêring mimis, tapaking kontul
anglayang, pambarêp adhining wragil.


Dan selubung keris masuk dalam keris, Perahu melingkupi lautan,
Kuda yang berlari cepat di kandangnya, Dengan gigiring peluru,
Jejak bangau terbang, Anak sulung adiknya si bungsu.

11. Lan tambining pucang iku, siti pinêndhêm ing bumi, lan
banyu kinum ing toya, lumpuh angidêri bumi, cebol anggayuh
ngakasa, kang wuta atuduh margi.

Dan tambining pohon pucang itu, Tanah yang terpendam di bumi,
Dan air yang direndam dalam air,    Lumpuh mengelilingi bumi,
Cebol meraih angkasa, Orang buta sebagai petunjuk jalan.

12. Bisu amungkasi padu, srêngenge pine lan malih, ingkang
pawaka binakar, walanjar durung alaki, randha manak bêranaan,
sajatine maksih sunthi.

Orang bisu mengakhiri perdebatan, Matahari dijemur, dan lagi, api
yang dibakar, Janda muda belum menikah, Juga janda yang
memiliki (melahirkan) anak, Sebenarnya masih perawan.

13. Parawan nusoni iku, lan taksih ing priyanèki, atine kang
wuluh wungwang, sawung kaluruk sajroning, turu lan wêkasan
benjang, jatining lanang lan èstri.

Perawan yang menyusui itu, Dan masih terikat oleh lelaki, hatinya
yang ada di dalam badan jasmani, Ayam jantan berkokok di
dalam, tidur dan akhir pagi, Sebenarnya laki-laki dan perempuan
itu.

14. Jatining kawula iku, lawan sajatining Gusti, jatining ringgit
lan dhalang, ana gusti andêdasih, kèngkèn duk lagya dinuta,
kawula dèn kawulani.

Adalah sebenarnya kawula, dengan sebenarnya Gusti, Keduanya
merupakan gambaran nyata dari wayang dan dalang, Ada gusti
yang mengabdi, menyuruh ketika lagi disuruh, hamba yang
dihambai.

15. Wontên punang madhêp ngidul, duk madhêp ngalèr lan
malih, wontên ingkang madhêp ngetan, duk madhêp mangilèn
tuwin, wontên kang madhêp mangandhap, duk lagya madhêp
manginggil.

Ada yang menghadap ke selatan, ketika sedang menghadap ke
utara,  dan lagi,    ada yang menghadap ke timur, ketika sedang

menghadap ke barat, Dan ada yang menghadap ke bawah, ketika
masih menghadap ke atas.

16.     Gutuk êlor kêna kidul, gutuk kidul lor kang kêni, gutuk
kulon kêna wetan, gutuk wetan kulon kêni, gutuk pribadi kênèng
lyan, gutuk lyan kêna pribadi.

Membidik ke utara kena selatan, Membidik selatan, utara yang
kena. Membidik barat kena timur, Membidik timur, barat yang
kena., Membidik diri, kena orang lain., Membidik orang lain, kena
diri sendiri.

17.     Wontên nalikane sêpuh, duk lagya anomirèki, wontên anom
duk ing tuwa, irêng nalikane putih, lawan katon kang kalingan,
wêkasan lagi awiwit.

Ada yang merasa tua, padahal kenyataannya masih muda, Muda
ketika sudah tua, Hitam tatkala putih, Seperti sesuatu yang nyata,
namun tampak samar-samar. Akhirnya baru mulai.

18. Angèdhèng anèng garumbul, adhedhe sajroning warih, silulup
anèng dharatan, lêlungan nalika prapti, singêdan anèng
pêpadhang, lanang nalikane èstri.

Bersembunyi di semak-semak, Berjemur di dalam air, Menyelam di
daratan, Bepergian ketika baru datang, Bersembunyi di tempat
terang, Lelaki ketika wanita.

19. Ěstri nalika priyèku, heh sagung kang ahli buddhi,
grahitanên iku padha, poma dèn kongsi kapanggih, pan iku
sasmitanira, janma kang punjul sasami.

Wanita ketika laki-laki, Hei para cerdik pandai, Pikirkanlah
renungan itu, dengan (kamu) sungguh-sungguh, hingga dapat
menemukan, Hal itulah yang menjadi isyarat, bahwa dirimu,
manusia yang melebihi manusia yang lain.

20.     Lamun sira nora wêruh, takona janma kang luwih, ingkang
wus ngarip ing Kuran, ngungsêda dèn kongsi olih, aja wêdi dening
guna, jêr pakewuh ujar iki.

Jika kamu tidak tahu, bertanyalah kepada orang yang pandai,
yang mengerti tentang Al Qur’an, Berusahalah dengan keras
hingga (kamu) mendapatkan ilmunya, Jangan takut akan gunanya
ilmu itu nanti, Sehingga merasa segan melaksanakan nasihat ini.


21. Pan akèh kang tiba luput, ragane dèndalih jati, marmane kèh
tibèng sasar, poma gurokna sayêkti, tunggaling gusti kawula, lan
rorororoning tunggil.

Banyak orang yang salah, Raganya disangka akan kekal, Oleh
karena itu, banyak yang jatuh dalam kesesatan, Dengan
berpedoman pada kebenaran, yakni tunggalnya Gusti kawula, dan
kedua-duanya tunggal.

22. Tunggil tunggale sawujud, wujuding kawula Gusti, lan
sampurnaning panêmbah, poma dènatèkitèki, dèn rampung
paningalira, aywa katungkul sirèki.

Satu tunggalnya satu wujud, Wujudnya kawula Gusti, dan
sempurnanya ibadah itu, jika kamu rajin melaksanakan perintah,
hingga selasai penglihatanmu, Janganlah kamu terjebak.

23. Dening wujud tunggal iku, mukhayat wujudirèki, apan iku
wêwujudan, tan ana towangirèki, saprênah prayoganira, tan
ketang gon ala bêcik.

Oleh wujud tunggal itu, Wujud ini hanya ada jika kamu hidup,
Sebab itu hanya wujud saja, tidak ada jarak kamu ini, Sebaiknya
kamu menuju satu arah saja, Tidak memperhitungkan tempat
buruk dan baik.

24. Mmêngkono pambêkanipun, yèn manusa kang wus ngarip,
tan na etang kiri kanan, tan narèntèng tan naricik, datan ing wuri
tan ngarsa, miwah ing ngandhap lan nginggil.

Demikian perasaannya, jika manusia disebut bijaksana itu, Dalam
pandangannya, tidak mengindahkan lagi yang ada di kiri kanan.
Tidak menyatukan dan tidak membagi, Tidak di belakang, tidak di
depan, Tidak di bawah dan di atas.

25. Adoh parêk ika iku, iki nora dene tangi, ingakên sadayanira,
iku tingaling kang luwih, kang satêngah agênturan, wênèh
kapapaging margi.

Jauh dekat sana sini, Ini tidak juga bangun, Lihatlah semuanya,
Itu penglihatan yang sempurna, Yang ketika keadaan menjadi
kacau, ada yang dijadikan sebagai petunjuk jalan.

26. Wênèh ingkang kapidulu, sawênèhwênèh ingkang ling,
sawênèh ana kang kocap, sawênèh ana tutwuri, iku kabèh
kawruhana, basa kapapag kapering.

Selain yang dilihat di antaranya, ada yang di dalam pikiran, Di
antaranya ada yang terucap, Selainnya ada yang di belakang,
Semua itu harus kamu ketahui, bahasa yang ditemui dibagi.

27.     Lan malih poma dèn wêruh, rampunge dhalang lan ringgit,
rampung ing Gusti kawula, dhalang pan nyata ing ringgit, ringgit
pan nyata ing dhalang, kawula nyata ing Gusti.

Dan lagi upama diketahui, selesainya dalang dan wayang, adalah
selesainya hubungan Gusti kawula, Tetapi dalang nyata di dalam
wayang, dan bukankah wayang nyata di dalam dalang,
Sebagaimana kawula nyata bagi Gusti.

28.     Gusti nyata kawulèku, êndi dhalang êndi ringgit, êndi Gusti
di kawula, wruha pisah kumpulnèki, lan sapa kang aran dhalang,
lan sapa kang aran ringgit.

Gusti nyata bagi para kawula, Mana dalang mana wayang, mana
Gusti, mana kawula, Ketahuilah pisah kumpulnya keduanya, Dan
siapa yang disebut dalang, dan siapa yang disebut wayang.

29. Roh ngakal kalawan ênur, iku dènarani ringgit, pan iku
wayang ilapat, kanapi aranirèki, dudu sajatining wayang, pan
wêwayangan sayêkti.

Roh, akal dengan nur,    Itu disebut wayang manusia, Tetapi itu
hanya wayang pengantara, yang disebut nafi (tidak ada), Bukan
sebenar-benarnya wayang, Akan tetapi, nafi mirip dengan wayang
itu; yang sebenarnya.

30.     Dening kang cupêt ing kawruh, iku dènarani ringgit, wujud
kak ingaran dhalang, kawruh wong kang durung ngarip, pasthine
iku nanging ta, wontên undhakipun malih.

Oleh orang yang memiliki sedikit ilmu, disebut wayang. Maka
wujud “Ada yang benar” yang disebut dalang itulah, pendapat
orang yang belum arif, Memang itu benar, akan tetapi masih ada
yang lebih tinggi lagi.

31. Sajatining dhalang iku, lawan sajatining ringgit, pan
kapanggih ing panunggal, ira kawula lan Gusti, ing kono dipun
waspada, marang wirasaning wangsit.

Sebenarnya dalang itu, dengan wayang yang sebenarnya, akan
bertemu menjadi satu,    denganmu sebagai kawula dan Gusti,
Perhatikan itu sungguh-sungguh, kepada arti keterangan dari
pertanda ini.

32. Dèn kacipta sasmitèku, yèn wus tan ngulati malih, katêmu
nèng sêlasêla, sajatine kang pinurih, kang micara pinicara, kang
dènrasani ngrasani.

Pikirkanlah makna yang sebenarnya dari simbol-simbol itu, Jika
sudah, tidak dilihat lagi, Ditemukan di sela-sela, Sebenarnya yang
diambil manfaatnya, yaitu yang membicarakan dibicarakan, yang
dibicarakan membicarakan.

33. Kang dinulu kang andulu, kang ngulati dènulati, iku
pancasing wicara, tan ana wirasan malih, yaiku rahsaning rahsa,
surahsarahsa sajati.

Yang dilihat yang melihat,    yang mencari dicari, Itu merupakan
tujuan  dari pembicaraan, Tidak ada pembicaraan lagi, yaitu
rahasianya rahasia, merahasiakan rahasia sejati.

34.     Rasanên rahsa kang mungguh, ing rahsanira pribadi, kang
sarta lawan pitêdah, ing guru kang sampun ngarip, dadi tan
katêlanjukan, rampunging dhalang lan ringgit.

Rasakanlah rahasia yang patut, Di dalam rahasia pribadimu, Yang
juga dengan petunjuk,    dari guru yang sudah paham, Menjadi
tidak akan ketemu, dengan akhir hubungan dalang dan wayang.

35. Aja sira mangumangu, idhêpmu aja sak sêrik, aja mêksih
amêmitra, lan aja sarupa mêksih, dadi bakal yèn mangkana,
têmah kapiran sirèki.

Janganlah kamu ragu-ragu, Perasaanmu jangan sampai iri, (hal
itu) jangan (terjadi jika) masih (ingin) berteman, dan jangan masih
serupa (dengan hal itu), Jika demikian akan berakibat, menjadi
terlantar kamu nanti.



36. Jêr kang satêngah wong iku, jajah desa milangkori, dèn
bêbanjar mranamrana, nora wêruh yèn tutwuri, pan  balolokên
kêwala, walang wrêksa kang lar wilis.

Sebenarnya, sebagian orang itu, melakukan pengembaraan ke
berbagai tempat, dan menyebar ke mana-mana, tidak tahu bahwa
mengikuti dari belakang, dan karena tidak dapat melihat (karena
silau) semata, adalah bagai belalang kayu yang bersayap hijau.

37. Tan buh pinangeran iku, kang konang gung angayêngi, aja
mangmang ing pangeran, kang nyata asih ing dasih, ing sarira
dènpungsênga, iku kang mangka gêgênti.

Tiada mengerti bahwa yang dianggap Tuhan itu, Yang terkenal
selalu mengelilingi, Jangan ragu-ragu kepada adanya Tuhan, yang
nyata kasih-Nya kepada hamba, Di badan dicari di mana-mana,
Itu sebagai pengganti.

38. Sayêkti paesan wujud, wujud tunggal tan kêkalih, apan nora
kêna pisah, ing kono goning ngawruhi, wit ning kang tan wruh
kadohan, sarirane dènsinggahi.

Nyata wujud jelmaan,    wujud satu tidak berbilang, Yang tidak
boleh pisah,Di situ tempatnya untuk mengetahui, Pohon, tetapi
yang tidak kelihatan dari kejauhan, Badannya disinggahi.

39. Den dalih pisaha iku, prandening yèn paningaling, wong kang
makripat, tan ketang jaba jero ngarep wuri, ngandhap nginggil
ana ora, brastha tan nganggo pinrinci.

Disangka pisahnya itu, Jika sekiranya merupakan penglihatan,
orang yang ma’rifat itu; maka dia tidak memperhatikan lagi, luar,
dalam, depan, belakang, bawah, atas ada tidak, Rusak tidak
memakai perincian.

40. Datan andulu dinulu, panêmbahe tan sarênti, alanggêng ing
ananira, gumêlêng ing jagad, lwirning dumadi pan kalimputan,
sêmbah sinêmbah pribadi.

Tidak melihat dilihat, Menyembahnya; tidak secara bersamaan,
Kekal di dalamnya, Disatukan di jagad semuanya, Menjadi tidak
tahu karena terliputi, Sembah disembah sendiri.


41. Ing makrup sampurnanipun, marmane datan kaèksi,
kalimput kandhih ing tunggal, tunggal tunggaling sawiji, yaiku
sêgara mulya, pan sakèhing para nabi.

Dalam kesempurnaan yang baik, Oleh karena itu, orang tidak
melihat apapun lagi, Semua diliputi dan ditutupi oleh Hyang
Tunggal, Tunggal tunggalnya Esa, yaitu samudra kemulyaan, dari
kebanyakan para nabi.

42. Wali mukmin ngulamèku, samya wuta bisu tuli, lumpuh
suwung tanpa solah, lir sêkar pangambunèki, jêr kalimput
raganira, kandhih dening Dzat Sajati.

Wali, mukmin, ulama iku; semuanya buta, bisu, tuli; lumpuh tiada
berilmu, tidak bertingkah;    Seperti baunya bunga ini, Kemudian
terliputi badanmu, tergeser oleh Dzat Sejati.

43. Pan kadya duk noranipun, iku sajatining dasih, apan nora
kadariyah, nora kajabariyahi, tan amuji tan anêmbah, pan kang
muji kang pinuji.

Tetapi umpama ketika tidaknya, itu seorang kawula, sebab bukan
takdir Ilahi, (Manusia) tidak mempunyai kuasa apa-apa, Tidak
memuji tidak menyembah, karena yang memuji adalah yang dipuji.

44. Mung sinilih bae iku, dening ta obahing dasih, dudu obahe
priyangga, sayêkti obahing Gusti, Gusti tan obah priyangga,
Lamun tan nilih ing dasih.

Hanya meminjam saja hal itu, Oleh setiap geraknya kawula,
bukan geraknya sendiri, Nyata geraknya Gusti, gusti tidak
bergerak sendiri, Jika tidak meminjam kawula.

45. nanging tunggal tan ro wujud, yèn roro lir makdum sarpin,
lan Malih kawikanana, kawula tan dadi Gusti, iku tingaling
sarengat, dening sampurnaning puji.

Tetapi tunggal tidak berwujud dua, Jika dua bagai makdum
sarpin, Dan lagi ketahuilah, kawula tidak bisa menjadi Gusti, Itu
dilihat dari sisi syariat, Oleh sempurnanya puji. 

46. Datan andulu dinulu, swuh brastha papan lan tulis, apan
wus rasa Pangeran, ywa kapêcan dening tampi, wadine nênggih
tan pisah, dening tan ana pribadi.


Tidak melihat apapun lagi, leburnya papan dan tulis, Jika sudah
mencapai rasa Pangeran, jangan diramalkan oleh penerimaan,
Karena rahasianya, yakni (rahasia) tidak pisah (tersebut), oleh
karena tidak ada pribadi.

47. Anane lan noranipun, tan sinêdya ananèki, dinadèkkên
dening suksma, mapan kinarya gagênti, lan kinarya sêksining
Dzat, Sipat Asma Apngal nênggih.

Ada dan tidaknya, tidak di maksud adanya ini, Dijadikan oleh
suksma, yang mapan dikaryakan, diganti; dan dikaryakan
saksinya Dzat, yaitu sifat Asma Af’al.

48. Yèn langgênge tan sakuthu, tur wimbuh purba sirèki,
Mahasuci ananira, tanpa lawan timbangnèki, jumênêng lan
dhèwèkira, wus nora samar sayêkti.

Jika kekalnya tidak sekutu, juga bertambah kuasa kamu ini, Maha
Suci adanya, tanpa lawan pertimbangan macam-macam, Berdiri
sendiri, tanpa ada kekhawatiran lagi.