Selasa, 01 Januari 2019

Memelihara Cipta Rasa

NGUDI TUWUH CIPTA RASA
Manungsa kedah nganggep wontennipun cipta, rasa, tuwin jiwa. Menggah sulangnging panganggep kapratélakaken kados ing ngandhap punika.
1. CIPTA

Cipta = sir.                                                                    |
Duwé cipta = gadhah sir.                                            |
Séjé cipta = sanés sir.                                                  |
Kaselan cipta = kaselan sir.                                       |              Pamuja.
Landhepping cipta = landhepping sir.                     |
Dadi saciptanné = dados sasirripun.                       |
Kang cinipta teka = ingkang dipun sir dhateng.    |
Upami barang dandossan cipta punika embannipun rasa, rasa embanning jiwa, nanging sajatossipun raga, cipta, rasa, punika kalimputtan dénning jiwa, inggih punika gesang. Wondéné cipta wau pakartinning manah ingkang alus sanget tumadangngipun saking nglebet ngantos boten kawistara. Santerring cipta saged mujuddaken pamuja. Jaman rumiyin kathah para manungsa ingkang sami dados pamujannipun kadosta: muja laku, muja toya, muja teken dados sawer, tuwin muja tiyang éstri. Tegessipun: kabudi saking kabatossan kanthi pamanthengnging cipta, inggih punika tansah kaesir ngantos cumithakking panon temah kawawa narik ingkang kapuja dhateng piyambak, cipta saged nampénni sawarninning kawruh ingkang tinanggappan dénning poncadriya, sarta saged nerangngaken kawruh ingkang pagepokkan pangambet pangenyam pamirêng, tuwin paningal linta-lintunning poncadriya kawasésa dénning cipta. Sanadyan dumunung ing tebih ingkang boten  lumebet dhateng palawangnganning poncadriya, kadosta: ingkang dumunung sajawinning wewengkon ugi kénging kapetha saking raossing cipta ingkang umesat, déné tétéssipun samongsa pepethan wau sampun dumados kembar kaliyan  angganning manungsa ingkang wonten salebetting wewengkon jer wontennipun wewengkon jawi lebet saki kémawon, makaten santosanning cipta ingkang minongka pralambang. Wekassan babarring cipta dados wiwaranning pariwara ingkang cocog kaliyan kahanannipun sarta tétés kaliyan nyatannipun.
[34]2. RASA
Rasa punika sarinning cipta, saya langkung dénning alus, lumarappipun sumebar sarta landhep saget bilih kapusthi kawawa anggubah raossipun tiyang sajagad temaha roroncén sami gagancangngan raos ing ngriki saged dumugi sapinten tebihipun pukassanning raos ing ngrika. Upaminnipun: ing ngriki bentér ing ngrika  ugi saged kadadossan bentér, bilih ing ngriki asrep ing ngrika inggih asrep punapa déné bilih ing ngriki gandrung, ing ngrika ugi kayungyun dados kényut ing ngriki saged  andadossaken kumenyutting ngrika. Pancerringraos kawawa nyarambahi sakathahing panadhang. Kadosta: tumrapping sato tuwin manungsa, sanadyan nandhang punapa  kémawon tamtu raossipun ingkang kajibah nyanggi, amargi kapandukkan rasa ingkang kapusthi wau. Déné pupulling raos kawawa ngukud jagad lirripun: tumindakking samubarang jalarran wonten raossipun ingkang sumarambah. Sakathahing tutuwuhan bilih tanpa raos saéstu boten saged semi. Makaten babarring raos ingkang sumebar.
3. JIWA
Jiwa, tegessipun: nyawa, sukma utawi gesang. Punika tukking wiji ingkang mahananni murninning mani. Inggih punika wiji gesangnging cipta rasa, kawawa mujuddaken kasangkeppan upakartinning gesang. Upaminnipun wiji bonggol pisang, diwasannipun dados ron papah, tuntut sarta woh, tuwin liyan-liyannipun, makaten kadadossannipun wiji jiwa.
Wonten sawenéhing pamanggih, jiwa punika kawontennannipun langgeng. Tegessipun: boten risak, tumrapping Pangéran kaupamékaken kados déné latu kaliyan urubbipun latu minongka Pangéran urubbipun minongka jiwa. Wiwit sumorot jiwa tansah majeng tumandang ngudi kasampurnannipun ngantos pinten-pinten yuta taun dumugi sasirêppipun saweg sampurna.
Satengngahing pamanggih, anyondhongngi dhateng pamanggih ing nginggil punika, bilih kawontenannipun jiwa punika langgeng.tegessipun: boten éwah gingsir. Nanging boten  tumandang ngudi kasampurnannipun, awit pancén sampun sampurna. Tumrapping Pangéran kaliyan jiwa tansah gesang dados satunggal, [36] manawi manungsa kaliyan Pangéran kaupamékaken kawula Gusti sampun mémper, seksinnipun para Nabi. Déné manawi Pangéran kaupamékaken latu murub jiwa kaupamékaken sorottipun punika kados déréng anyéplessi. Sabab saben sorot punika  ébah, urubbipun inggih ébah. Saben jiwa punika tumandang, Pangérannipun  inggih tumandang. Samubarang ingkang tumadang punika ébah, sok ébaha inggih éwah, sok éwaha inggih badhé nemahi risak, dados boten saged  neteppi kados tegessipun langgeng tanpa éwah gingsir.
Sajatossipun ingkang tumadang punika kawulannipun inggih punika: raga, cipta, tuwin rasa, jalarran kaprabawan saking kuwasanning sukma. Déné Pangéran  langgeng boten barang-barang. Mila ingkang kajibah ngraossaken mulya tuwin sangsara inggih namung dumunung wonten ing kawula. Makaten gotékkipun  para ingkang sami marsudi kawruh jati, wusana kedah sumarambah sadhérék kathah, ngéngetti babasan: sapandhita samapanemu.
Wonten malih satengah kaol jiwa punika kawujud dipun wastanni: sipat, mongka wujud punika Dat tegessipun: [37] ana. Ana punika sayektossipun: kanggé nembungngaken barang ingkang ana, manawi ana kaéwokaken sipat ora ana inggih sipat , kados punapa wujuddipun si ora ana, wujuddipun ora ana. Punika boten limrah, limrahipun ara ana punika  boten wujud, mila nalusur suraossing kawruh punika boten gampil kedah buntas dhateng ulahing basa, awit  ing ngriku palawangnganning katerangngan ingkang ambolongngaken ing panampi, tétélannipun jiwa punika namanning barang ingkang gesang, kuwasa mahananni samubarang, wiwit babar dumugi bibar.
TETEPPIPUN PANUNGGAL
Panunggal punika barang kalih dados satunggal déné wujuddipun barang kakalih wau, 1. Sukma; 2. Raga. Punika nunggil padunungan dados sawiji. Mongka raga kaliyan sukma wau tebih sanget darajattipun  sarta béda sanget kahanannipun, sukma barang alus raga barang wadhag, sukma suci, raga rêget, sukma mulya, raga sangsara. Sukma kuwasa, raga apes, sukma gesang, raga pejah, nanging nalika raga kadayan déning sukma  sawarni gesang [38] piyambak sarta mémper wawagunnipun mila winastan: kawula gusti. Sukma gustinnipun raga kawulannipun nanging sami tetep tineteppan jumenengngipun sukma dados gusti, kateteppaken dénning raga, makaten ugi raga, dadossipun kawula kaaken dénning sukma. Babasannipun : sijinning ngaloro, loronning ngatunggal.
Saréhning sakalih kalihipun sami kaulah dénning budi, dados budi tansah mobat-mabit amargi ngladossi  barang kalih ingkang  tebih sanget darajattipun mongka kaangkah panunggallipun supados saréng majengngipun sarta sami empannipun makaten pakartinning budi anggennipun nedya nunggillaken kawula gusti. Awit budi ingkang winenangngaken masésa tumindakking manungsa gesang dumugi pejahipun.
Prakawis nunggillaken jiwa raga, punika pipindhannipun kados déné tiyang damel suwasa, babadhénnipun kancana kaliyan dembaga, dados kedah kalebur rumiyin, menggah pangleburripun sarana nucénni rêrêgedding angga, inggih punika nyirnakaken mamalanning sarira, déné wawatonnipun  santosanning karsa, siyang dalu anggung manungku cipta, ingkang kaésthi boten liyan namung [39] mawang kahananning sukma. Ngantos kasupén dhateng tatacaranning ngagesang, banterring pangésthi temah sirna rasa rumasannipun sampun boten wonten kawula gusti, kantun madeg sajatinning manungsa namung sawiji jiwa, pamorring dembaga  kaliyan kancana mancorong dados suwasa mulya, ingkang makaten punika saéstu punjulling ngapapak kénging winastan : janma mustakanning jagad pipindhannipun kados Sang Rama Wijaya, kasebut  dados bapa babunning bawana.
Ing jaman purwa kathah kémawon para manungsa ingkang kombul darajattipun saking pamanthengnging cipta, temah katarimah sami dados jawata ing suranadi, inggih punika manungsa ingkang linangkung budinnipun, pamorring raga lan sukma dados maya-maya boten katingan kuwadhaggannipun, lah makaten ingkang tetep nama nunggal kahanan, ya gusti ya kawula, ya kawula ya gusti.
Sasampunnipun makaten kahanannipun manungsa lajeng kuwasa manukma sakajengngipun sabab saking nembadanni hardanning karsa, temah dados wangsul ulah panggesangngan, lirripun: taksih rêmen gesang klanthi seneng wonten  ing donya, nedya mangun éca tuwin sakéca sasaminnipun, punika kedah énget sanadyan sa[40]mpun jumeneng manungsa ingkang linangkung. Lirripun: sampun boten kacuwan punapa sakarsannipun sami kasembadan, nanging saréhning taksih purun wangsul ngraossaken kados limrahing manungsa, inggih punika kapéngin unggul kapéngin luhur, kapéngin mukti wibawa, sasaminnipun, kados sadaya ingkang dipun lampahi badhé wonten wawangennipun bibar. Awit sakthahing kahanan tampu wonten titimbangngannipun, unggul  kaliyan kalindhih, luhur kaliyan asor, mukti wibawa kaliyan kacingkrangngan makaten sapituruttipun.
Dhuh ingkang ingkang makaten kados pundi, déné tiyang anggayuh panunggal teka taksih nglampahi sengsara malih.
Mugi kauninganna, panunggal ingkang kasampurnakaken punika lajeng rampung. Sampun boten nadhang kasangsaran kantun lulus dumunung wonten ing kamulyan, sarêng ingkang sampun kasembadan  panunggallipun mongka taksih nedya mekarraken kamurkan wonten  ing donya, sampun tamtu nandhang kados limrahipun tiyang walaka. Déné bédannipun bilih tiyang linangkung jinurung sakajengngipun, bilih tiyang limrah samongsa gadhah kajeng tansah mubeng, teteppipun kados lampahing nyakra manggilingngan.
[41]Menggah kasampurnanning panunggal punika samongsa sampun sami mantuk dhateng asallipun piyambak-piyambak ingkang kawasitakaken: raga, wangsul dhateng siti, jalarran pralaya, cipta, wangsul dhateng tirta prawita suci, jalarran menep manjing dhateng kaweningngannipun, rasa, wangsul dhateng kokosottanning akasa, jalarran ngirup pencarring rasa sami pupul dhumateng tukkipun, jiwa, wangsul dhateng wiji sawiji murninning mani, jalarran sampun maligi boten kamomorran, sadaya wau wangsul dhateng santosanning daya, déné ingkang kagungngan daya: Pangéran Ingkang Maha Kuwasa.
Ingkang makaten punika, pakartinning budi boten liya kaulah saking luhurring pambekkan ing nalika gesang wonten ing donya. Santosanning tékad mejahi sakalir-kalir, lah samanten rungsitting panggayuh tumrap kasampurnanning ngagesang.
PANGRUWAT RUWETTING LALAMPAHAN
Manawi manungsa sampun sami gadhah panggep dhateng sulangnging piwulang ingkang sampun kawedar, sarta purun anglenggahi darajattipun piyambak-piyambak lirripun: drajat ngriki boten nyangkut drajat ngrika, drajat nginggil boten nyangkut drajat ngandhap dados boten songkat-sangkuttan ing darajat kados-kados wudar bubundhellannipun inggih punika pangruwat ruwetting lampahan anuwuhaken bagya raharja dumugi ing wusana.